Bab 1
Pambuka
A. Dhasaring Panaliten
Basa Jawi menika kalebet basa Austronesia,
inggih menika basa ingkang dipunginakaken
bangsa pribumi wonten ing
pulo sakidul-wetaning bawana
Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten dumugi pucuk wétan
Banyuwangi déning kirang langkung 80 yuta panutur. Kejawi menika, basa menika
kasebar ing Indonésia saking Sumatra dumugi Papua, Timor Wétan, Malaysia,
Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kaledonia
Anyar.
Basa Jawi menika perangan saking
sub-cabang Sundik saking rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saking pang basa
Melayu-Polinesia ingkang giliranipun anggota basa Austronesia. Basa Jawa tasih sedulur celak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura,
basa Bali, lan ugi basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.
Basa Jawa dipigunakaken
ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan ugi pesisir lor Jawa Kulon. Lajeng ing Madura,
Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa ugi ditrapaken dados
basa sastra. Basa Jawa ugi basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul
saderengipun keraton dipunbedhah tiyang Walanda ing wusananing abad kaping-18.
B. Undheraning Perkawis
1. Menapa
tegesipun unggah-ungguh basa jawa ?
2. Menapa
macemipun
basa ngoko ?
3. Menapa
macemipun basa krama ?
C. Ancasipun
1. Mangertosi
tegesipun unggah unggah-ungguh basa
Jawi
2. Mangertosi
pandumanipun unggah-ungguh basa Jawa
BAB II
PIREMBAGAN
2.1. Tegesipun Unggah-Ungguh Bahasa Jawa
Unggah-ungguh Basa Jawa
inggih menika adhat
sopan santun, tata krama,
tata susila
ngginakaken basa
Jawi. Undha-usukipun basa Jawa miturut
unggah-ungguhipun
kaperang dados 5, inggih menika :
1.
Basa ngoko, kaperang
dados 2, inggih menika ngoko
lugu saha ngoko andhap
(tksih kaperang malih
dados 2 : antya
basa saha basa
antya).
2.
Basa madya, kaperang
dados 3, inggih menika madya
ngoko, madyantara saha madya krama.
3.
Basa Krama, kaperang
dados 5, inggih menika kramantara,
mudha krama, wredha krama, krama inggil, saha krama desa.
4.
Basa Kedhaton.
5.
Basa Kasar.
Ananging miturut
ewah-ewahaning jaman, samenika ragam basa Jawi
namung kaperang dados kalih inggih menika basa ngoko saha basa krama. Basa ngoko
kaperang malih dados kalih inggih menika ngoko lugu saha ngoko alus. Basa krama
ugi kaperang dados kalih inggih menika krama lugu lan krama alus. Bedanipun ngoko
lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus wonten ing ngandhap menika.
2.2. Macemipun Basa Ngoko
Basa Jawi ngoko
inggih menika perangan basa
Jawi ingkang dipunginakaken
guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko taksih kaperang dados kalih, inggih menika:
1. Ngoko Lugu
Ngoko Lugu inggih
menika minangka tataran basa ingkang paling asor ing undha usuk Basa Jawa.
Wujud tembungipun ngoko, mboten wonten tembung krama utawa krama inggil tumrap tiyang
ingkang dipunajak guneman. Dipunginakaken kangge guneman : tiyang sepuh
marang tiyang nem, tiyang ingkang sadrajad utawi tiyang ingkang sampun raket
sesrawunganipun, tiyang ingkang pangkatipun (drajatipun) inggil marang
pegawenipun, bocah cilik marang kancanipun, saha kangge ngunandika (guneman
piyambak).
2.
Ngoko Andhap/alus
Ngoko Andhap inggih
menika basa ngoko ingkang alus sarta langkung ngajeni marang tiyang ingkang
dipunajak guneman. Wujudipun arupi basa ngoko ingkang kacampur tembung krama
inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak guneman. Menawi dipunraosaken kirang
ngajeni biasanipun asring dipuncampur tembung krama sawetara. Panganggenipun
basa ngoko andhap menika kangge guneman antawisipun : Sedulur tuwa marang
sedulur enom ingkang langkung inggil drajadipun, Garwanipun priyayi marang
ingkang kakung, priyayi marang priyayi menawi sampun ngoko-ngokonan ( sampun pakulinan / sampun raket).
Basa ngoko andhap saged
dipunperang dados :
a. Antya Basa (wujudipun tembung ngoko lan
krama inggil). Titikanipun :
·
Aku, tetep mboten owah
·
Kowe, kangge pawongan
kang diajeni diowahi dados panjenengan, ki raka, kangmas
·
Ater-ater dak-, ko-,
di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake mboten owah
Tuladha :
·
Mas, aku nyuwun ngampil
kagungane buku sewengi wae.
·
Wah, adhimas ki rada
ngece. Genah wis pirsa wae kok mundhut pirsa.
·
Ora, kangmas ki suwe
ora ketingal iku tindak ngendi?
b.
Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama). Ciri-cirine :
·
Aku, tetep mboten owah
·
Kowe, kanggo pawongan kang
diajeni dipunowahi dados panjenengan, ki raka, kangmas
·
Ater-ater dak-, ko-,
di- tetep mboten owah
Tuladha :
·
Dak arani sliramu dhek
mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing daleme Pak Lurah. Gek lampahe wae apa
ya dhimas, teka gamelane sedalu natas ngungkung wae, ora ana pedhot-pedhote.
·
Mas, aku ora bisa
nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu,
muga-muga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani
tumrap nusa lan bangsa.
2.3. Macemipun Basa Krama
a.
Krama Lugu
Krama lugu wujudipun
sedaya tetembunganipun ngginakaken tembung krama ananging wuwuhanipun tasih
ngginakaken wuwuhan. Krama lugu biasanipun dipunginakaken dening tiyang sadean
wonten ing peken menawi guneman kaliyang tiyang ingkang badhe mundhut daganganipun.
Tuladha:
1)
Kopine sampun diunjuk
eyang kakung.
2)
Sampeyan mundhute sayur
ingkang pundi?
3)
Bapak kundure mangke
jam kalih.
4)
Mangke kula betakake
dhateng daleme panjenengan.
b. Krama Alus
Krama alus wujudipun
sedaya tetembunganipun krama. Krama alus dipunginakaken kangge tiyang nem
menawi matur marang tiyang sepuh, anak buah marang pimpinanipun, lan tiyang
ingkang dereng tepang. Tuladha:
1)
Pakdhe lan budhe sampun
tindhak jogja kala wingi.
2)
Pak kula badhe nyuwun
arta kangge tumbas buku basa Jawi.Mangga pinarak, panjenengan sampun
dipuntengga bapak.
3)
Menawi sampun dados
tugasipun saged dipunkempalaken.
BAB III
PENUTUP
A. Dudutan
Unggah-ungguh basa Jawi inggih menika adat
sopan santun, tatakrama, tatasusila ngginakaken Basa Jawa. Ragam basa Jawa namung
kaperang dados kalih inggih menika basa ngoko lan basa krama.dadi loro yaiku
basa ngoko lan basa krama. Basa krama kaperang dados kalih inggih menika krama
lugu lan krama alus. Basa ngoko kaperang dados kalih inggih menika ngoko lugu
lan ngoko alus.
Kapustakan
Suharti. 2001. Pembiasaan Berbahasa Jawa Krama dalam
Keluarga Sebagai Sarana Pendidikan Sopan Santun. Makalah Konggres. Yogyakarta:
Konggres Bahasa Jawa III.
http//: www. jv.wikipedia.org lan cathetan Basa Jawa
nalika ing bangku sekolah.com




Author by
0 komentar:
Posting Komentar