Makalah kelompok Budaya: FOLKLOR UPACARA SESAJI REDI KELUD

Posted by : Rachmawati


BAB I
PAMBUKA

A.    Dhasaring Panaliten
Indonesia inggih menika nagari ingkang gadhah kabudayan ingkang kathah arupa werni. Bhineka Tunggal Ika dados slogan ingkang ndadosaken manunggaling kabudayan. Kabudayan ingkang arupa weni wonten ing masarakat ndadosaken daerahipun unik amargi nilai- nilai adhat istiadhat taksih lestantun. Kanthi ngrembakaning budaya mancanegara ingkang anggadahi pangaribawa wonten pelestantuanan kabudayan lokal. Para kadang mudha samenika asring nglestantunaken kabudayan ingkang saking nenek moyang.
Nilai- nilai kabudayan kearifan lokal sampun awit lengser kaliyan kabudayan mancanegara, wonten kabudayan masarakat kadosta upacara adhat ingkang badhe ical. Satemah kangge nglestantunaken kabudayan masarakat, prelu pangertosan saha paham kaliyan folklor wonten kebudayaan. Ancasipun inggih menika, anggadhahi pangajab supados saged mangertosi jinis-jinising saha kalebet wonten folklor menapa jinis kabudayaan / kearifan lokal salah satunggaling dhaerah, ingkang salah satunggaling inggih menika upacara adhat larung sesaji Redi Kelud.

B. Undheraning Perkawis
1. Menapa ingkang dipunwastani folklor?
2. Miturut jinisipun, kalebet wonten folklor menapa upacara larung sesaji
    Redi Kelud?

C.     Ancasipun
1.      Mangertosi menapa ingkang dipunwastani folklor
2.      Mangertosi upacara larung sesaji Redi Kelud menika kalebet wonten folklor menapa


BAB II
PIREMBAGAN

A.    Pangertosan Foklor
Miturut asalipun tembung utawi morfologinipun, folklor menika saking tembung basa Inggris inggih menika folklore, saking tembung folk lan lore (Danandjaja, 2005: 1). Miturut Alan Dundes, folklor inggih menika sakelompok tiyang ingkang anggadhahi titikan tandha pengenal fisik, sosial, lan kabudayan satemah saged mbedakaken antawisipun satunggal kelompok kaliyan kelompok sanesipun. Tembung folklor menika saking tembung majemuk ingkang asalipun saking tembung folk lan lore. Folk menika kolektif, miturut Alan Dundes, folk inggih menika sakelompok tiyang ingkang anggadhahi titikan tanda pengenal fisik, sosial, lan kabudayan satemah saged mbedakaken antawisipun kelompok satunggal kaliyan kelompok sanesipun. Titikan tandha pengenal inggih menika, werni kulit, rikma, mata pencaharian, basa, pendhidhikan, agami ingkang sami, lsp. Ingkang langkung penting inggih menika, kelompok-kelompok wau  anggadhahi tradhisi, inggih menika kabudayan ingkang sampun dipunwarisi turun temurun, sabotenipun kalih generasi. Folk inggih menika kolektif saking masarakat, ananging lore inggih menika tradhisi  ingkang dipunanggadhahi dening folk (Danandjaya, 1991: 1).
Miturut Danandjaya (1991: 2) folklor inggih menika saperangan kabudayan kolektif ingkang dipunsebaraken lan dipunwarisaken kanthi turun temurun, antawisipun kolektif macemipun menapa kemawon, kanthi cara tradhisional nuwuhaken versi ingkang beda, kanthi lisan utawi tuladha ingkang kaliyan gerak isarat utawi alat pambiyantu kangge ngemotaken (mnemonic device)[1]. Djamaris (1993: 15) ngandharaken bilih folklor inggih menika cabang ilmu Antropologi, kanthi panaliten folklor ingkang saged dipuntingali dening kabudayan bangsa saderengipun wonten pengaruh asing, kadosta kapitadosan, pandangan hidup, adhat istiadhat, lan caranipun mikir masarakat.
Muhhamad Haji Salleh menika ngginakaken andharanipun Danandjaya minangka pendekatan penting wonten sastra nusantara “Kajian folklor mbiyantu kajian kasusastran” (Amir, 2013: 162). Miturut wujudipun, folklor menika dipunperang dados kalih, inggih menika folklor lisan lan folklor sebagian lisan (Danandjaja, 2005). Ingkang kalebet folklor lisan inggih menika:
1.      Basa rakyat utawi basa masarakat, inggih menika wujudipun folklor Indonesia ingkang kalebet wonten kelompok basa rakyat, inggih menika logat utawi dialek basa-basa nusantara.
2.      Ungkapan tradisonal, inggih menika kadosta paribasan utawi unen-unen.
3.      Pitakenan tradisional, ingkang dipunmangertosi minangka teka-teki awujud pitakenan ingkang sipatipun tradisional lan gadhah wangsulan tradisional ugi.
4.      Sajak lan puisi rakyat, inggih menika folklor lisan ingkang khusus, tembungipun boten kabentuk mawi bebas, ananging terikat. Sajak lan puisi rakyat minangka kasusastran ingkang sampun jelas wujudipun, cacahipun gatra kaliyan sajak ingkang mungkasi saben gatranipun. Ingkang kalebet wonten jinis menika inggih menika wonten parikan, rarakitan, wawangian, lsp.
Nyanyian rakyat miturut Jan Harold Bruvand (wonten ing Danandjaja, 2005: 141) inggih menika salah satunggaling genre utawi wujudipun folklor ingkang saking tembung-tembung lan lagu (tembang), ingkang kasebar kanthi lisan wonten saperangan anggota kolektif tartamtu, ingkang awujud tradisional sarta kathah anggadhahi varian.
Wujudipun folklor sebagian lisan kaperang dados kalih macem, inggih menika (1) kapitadosan masarakat, ingkang asring dipunsebat takhayul inggih menika kapitadosan, dening tiyang barat dipunanggep sederhana, boten adhedhasar logika, satemah kanthi ilmiah menika boten saged dipunginakaken ugi boten saged dipuntanggeljawabaken kaleresanipun (Danandjaja, 2005: 153); lan (2) permainan rakyat, dipunanggep kalebet wonten folklor amargi kangge pikantuk menika saking warisan lisan, utamanipun kangge permainan rakyat kangge bocah-bocah amargi dolanan menika dipunsebaraken asli saking tradhisi lisan ingkang dipunsebaraken tanpa pambiyantu saking tiyang-tiyang ingkang sepuh, kadosta tiyang sepuh utawi guru wonten sekolah (Danandjaja, 2005: 171).
Miturut Waylan D. Hand,  takhayul menika dipunperang dados 3 kelompok, inggih menika:
1.    Takhayul wonten sakiwa tengenipun lingkungan hidup, kaperang dados:
a.       Lair, nalika bayi, lan nalika taksih alit.
b.      Manungsa lan obat-obatan rakyat
c.       Omah lan pagawean wonten omah
d.      Mata pencaharian lan hubungan sosial
e.       Perjalanan lan perhubungan
f.       Tresna, pacaran, lan krama
g.      Seda lan adhat pemakaman
2.    Takhayul alam gaib.
3.    Takhayul ngengingi terciptanya alam semesta, kaperang dados 5:
a.      Takhayul ngengingi gejala alam
b.      Takhayul ngengingi cuaca
c.       Takhayul ngengingi peternakan lan sato wonten ing Indonesia
d.      Takhayul ngengingi nangkep ulam lan mburu
e.       Takhayul tanduran-tanduran  lan pertanian.




B.     Upacara Larung Sesaji Redi kelud
Upacara adhat menika kalebet folklor sebagian lisan. Folklor sebagian lisan inggih menika folklor ingkang wujudipun campuran saking unsur lisan lan sanes lisan (Danandjaja, 2002:195). Wonten upacara adhat dipunbetahaken ubo rampen utawi sesaji. Sesaji minangka aktualisasi saking pikiran, pangajab, lan raos kepenginan ingkang langkung cerak malih kaliyan Gusti ingkang Maha Kuwaos. Sajen ugi kalebet wacana simbol ingkang dipunginakaken minangka sarana spiritual kaliyan ingkang gayut kaliyan lelembut. Ancasipun saking sesaji inggih menika supados para lelembut boten ganggu manungsa. Pangajab dipunparingi sajen supados para lelembut mbiyantu uripipun manungsa (Endraswara, 2003b:195).
Redi Kelud salah satunggaling redi ingkang taksih aktif wonten ing Jawa Timur, ingkang anggadhahi upacara adhat amargi kapitadosan masarakat babagan kekiyatan gaibipun. Upacara adhat wonten ing redi Kelud dipuntindakaken saben taun. Adicara menika kalebet tradhisi saben taun ingkang wiwit jaman rumiyin lan dipunwarisaken ing generasi penerus supados lestantun.
Dumadining upacara adat inggih menika saking sarasilah dumadinipun kawah Redi Kelud. Masarakat ngawontenaken upacara adhat ritual kala kepungkur dipun sebat Redi Kelud lan ing jaman samenika dipunsebat upacara ritual anak Redi Kelud. Ancasipun inggih menika nyuwun keslametan dhumateng Gusti kang Maha Agung supados masarakat bagas waras lan sakiwatengenipun redi menika pikantuk keslametan, saha supados masyarakat ingkang tetanem pinaringan kasil ingkang langkung kathah.
Tahapan upacara adat ritual sesaji wonten 2 inggih menika: nyamektakaken saha kalaksanan. Tahap nyamektakaken kedadean saking ritual kepunden mbah Sumber lan mbah Ringin. Kangge simbol nyuwun ijin utawi ndherek langkung dhumateng dhanyang desa supados ritual sesajen menika lancar. Sesajen menika dipunmasak dening tiyang estri ingkang sampun sepuh. Salajengipun inggih menika merti desa ingkang dilaksanaken kaliyan sesepuh desa Sugih waras ing ndalu saderengipun ritual sesajen dipunlaksanakaken.
Proses ritual sesajen inggih menika: (1) Arak- arakan ing papan ritual diawiti kaliyan Ratu Sembagi cucuk lampah kaliyan mbeta sesajen, (2) Pasrah pinampi sesajen, (3) Arak- arakan sesajen ing plataran, ing nginggil trowongan Ganesha, (4) Nyamektakaken sesajen, (5) Obong- obong ubarampen sesajen, (6) Komunikasi kaliyan makhluk gaib wonten ing redi kelud,  (7) Penyampaian sesaji, (8) Pengaosan doa, (9) Rebutan sesajen. Upacara dipunadzani saben sasi Suro (Muharram).
Foklor gadhah 9 ciri ingkang utama. Ciri pengenal folklor saged dipun dadosaken pambeda folklore saking kabudayan sanesipun (dahandjaja,2005:2-4). 9 titikan utami:
1)      Panyebaran saha pewarisan kanthi lisan
2)      Sifatipun tradisonal
3)      Folklor eksi ing versi- versi lan varian- varian ingkang beda amerga panyebaranipun lisan
4)      Sifatipun anonim
5)      Biasanipun gadah wujud rumus utawi pola
6)      Gadhah fungsi kangge kehidupan bersama suatu kolektif
7)      Sifatipun pralogis
8)      Dados kagungan masarakat sesarengan
9)      Sifatipun polos saha lugu
Wonten ing upacara sesaji ing redi kelud saged dipunwastani folklor amargi gadhah ciri, sifatipun tradisional amargi wonten ing tahap persiapan dumugi kalaksanan upacara kasebat ngginaaken ubarampe lan sapanunggalanipun. Sifatipun anonim amargi upacara menika boten dimangertosi sinten penggagasipun. Fungsi kangge kehidupan bersama suatu kolektif amergi nyuwun keslametan dhumateng gusti allah supados masarakat Sugih Waras lan sakiwatengenipun pikantuk keslametan. Upacara kasebat ugi nyuwun berkah supados masarakat ingkang tetanem dipunparingi kasil ingkang kathah. Sipatipun pralogis, amargi jeblugipun redi ingkang taksih aktif menika dening Gusti Kang Maha Agung ananging masarakat percaya bilih panyebabipun amargi dukaning Lembu Sura.





























BAB III
PANUTUP

A.    Kesimpulan
Folklor inggih menika sakelompok tiyang ingkang anggadhahi titikan tandha pengenal fisik, sosial, lan kabudayan satemah saged mbedakaken antawisipun satunggal kelompok kaliyan kelompok sanesipun. Upacara adhat larung sesaji Redi Kelud menika kalebet folklor sebagian lisan. Folklor sebagian lisan inggih menika folklor ingkang wujudipun campuran saking unsur lisan lan sanes lisan (Danandjaja, 2002:195).






















DAFTAR PUSTAKA
Mana, Lira Hayu Afdetis dan Samsirani. 2016. Buku Ajar Mata Kuliah Folklor. Yogyakarta: Deepublish
Endraswara, S. 2003b. Mistik Kejawen: Sinkretisme, Simbolisme, dan Sufisme
dalam Budaya Spiritual Jawa. Jogjakarta: Narasi.
Danandjaja. 2005. Folklor Indonesia: Ilmu Gosip, Dongeng dan lain-lainnya. Jakarta: Graffiti
Danandjaja. 2007. Folklor Indonesia: Ilmu Gosip, Dongeng dan lain-lainnya. Jakarta: Graffiti
Peursen, Van. 1976. Strategi Kebudayaan (diterjemahkan oleh Dick Hartoko). Yogyakarta: Kanisius


[1] Pangertosan folklor menika saking definisi ingkang dipundamel dening Jan Harold Brunvand, ingkang sampun diperluas. Definisi Brunvand inggih menika: Folklor may be defined as those materials in culture that circulate traditionally among members of any group in different version, whether in oral or by means of customary example (Bruvand, 1968: 5).

0 komentar:

Posting Komentar