BAB
I
PAMBUKA
A. Dhasaring Panaliten
Geguritan inggih menika salah
satunggaling karya sastra kanthi
seratan-seratan ingkang endah. Seratan ingkang dipunanggit dening panyeratipun,
seni
seratan ingkang ngginakaken kualitas estetik kangge nambahi. Larik-larik
utawi gatra-gatra saged maneka werni ( bunder, zig-zag, lsp). Amargi menika salah satunggaling cara saking
panyeratipun utawi ingkang nganggit geguritan menika kangge ngandharaken menapa
ingkang wonten angen-angenipun. Sawetawis, geguritan wonten ingkang
isinipunsetunggal tembung/ setunggal suku
kata ingkang dipunambali. Kangge pamaos ingkang boten mangertos, ingkang
maos geguritan kala wau lajeng saged boten mangertos menapa maksudipun. Pramila,
menika dados adhedhasar panyerat ingkang ngrembag analisis wonten ing geguritan
kanthi irah-irahan Jare Simbah.
B. Undheraning Perkawis
1.
Menapa
ingkang geguritan?
2.
Menapa
kemawon unsur wonten ing salebeting
geguritan?
3.
Kados
pundi analisisipun geguritan kanthi iraha-irahan Jare Simbah?
C.
Ancasipun
1.
Mangertosi
menapa ingkang dipunwastani geguritan
2.
Mangertosi
menapa kemawon unsur ing salebeting
geguritan
3.
Mangertosi
analisisipun geguritan kanthi irah-irahan Jare Simbah
BAB II
PIREMBAGAN
A. Pangertosan Geguritan
Geguritan
menika saking tembung gurita, ingkang asalipun saking tembung gita ingkang anggadhahi teges tembang.
Miturut kamus, geguritan inggih
menika tembung uran-uran utawi seratan ingkang kapathok kaliyan tembung, guru
gatra, guru wilangan, saha guru lagunipun ingkang boten ajeg. Miturut
Subalidinata (1994: 45) geguritan inggih menika iketing basa ingkang sami
kaliyan sair. Pramila, wonten tiyang ingkang nyebataken geguritan menika sair
Jawi gagrag anyar. Miturut Padmosoekotjo (1960:1920) geguritan ingkang
anggadhahi teges kidung utawi tembang. Minangka karya sastra ingkang jinisipun geguritan, ingkang anggadhahi
paugeran-paugeraning tartamtu ingkang ngatur wujudipun.
Hutomo
(1975: 22) mbedakaken geguritan wonten kalih jinis, inggih menika geguritan
modern (arupa geguritan ingkang bebas ingkang boten manut kaliyan paugeran-paugeraning
kadosta geguritan
tradhisional) saha geguritan tradhisional ingkang arupa: tembang, parikan,
guritan, singir, saha tembang dolanan. Tuladha geguritan ingkang tradhisional
inggih menika:
Damaring
praja aywa mati-mati
Sadeging
keprabon
Aywa
kandheng madhangi jagade
Mangka
panariking reh sayekti
Ing
pati pinanggih
Kautameng
prabu
Geguritan
wonten ing nginggil sodipun inggih menika wejangan Rama dhumateng Widapatna.
Rama ngandharaken bilih tugasipun raja inggih menika nyiptakaken
kasejahteraning ing pagesangan. Raja kedah njagi rakyatipun saking sedaya
kasengsaran. Raja kedah dados dimar kangge madhangi sedaya kerajaanipun.
Adhedhasar
dapukanipun, jinising geguritan kaperang dados 10, inggih menika:
1.
Sair
2 gatra sapada = gita dwigatra
2.
Sair
3 gatra sapada= gita trigatra
3.
Sair
4 gatra sapada= gita caturgatra
4.
Sair
5 gatra sapada= gita pancagatra
5.
Sair
6 gatra sapada= gita sadgatra
6.
Sair
7 gatra sapada= gita saptagatra
7.
Sair
8 gatra sapada= gita hastagatra
8.
Sair 9 gatra sapada= gita nawagatra
9.
Sair-sair
soneta
10.
Sair
bebas
B. Unsuring Geguritan
Unsur-unsur wonteng ing salebeting
geguritan inggih menika kaperang dados:
1. Unsur
Fisik
Geguritan
Unsur fisik inggih menika unsur ingkang mbangun
geguritan ingkang sipatipun fisik utawi ingkang saged katingal kadosta bentuk
dhapukaning tembung-tembungipun. Unsur
fisik puisi kaperang dados:
a.
Tipografi
Inggih
menika wujudipun geguritan kadosta kaca ingkang dipunkebaki kaliyan
tembung-tembung ingkang dipunpilih dening ingkang nganggit, wates
kiwa-tengenipun, paugeraning gatranipun, dumugi gatra geguritan ingkang boten
tamtu dipunwiwiti huruf kapital, saha
dipunpungkasi kaliyan tandha titik ingkang saged ngaruh kaliyan tegesipun
geguritan.
b.
Diksi
Inggih
menika tembung-tembung ingkang dipunpilih dening panyeratipun wonten ing
geguritanipun. Geguritan inggih menika karya
sastra ingkang paling sekedik tembungipun ananging gadhah teges ingkang
langkung kathah. Pramila, tembung-tembung ingkang dipunpilih menika kedah
dipungatosaken.
c.
Imaji
Inggih menika tembung-tembung ingkang dipunsusun ingkang saged ngandharaken pengalaman indrawi, kadota menpa ingkang dipuntingali, ingkang
dipunmirengaken, lsp. Imaji dipun
perang dados 3: 1) yaitu imaji suantenipun (auditif); 2) imaji mawi
tingal (visual); 3) saha imaji raba (imaji
taktil). Imaji saged ndadosaken
ingkang maos geguritan ngraosaken kadosta saged ningali, mireng, saha
ngraosaken menapa ingkang dipunserat ingkang nganngit geguritan.
d. Tembung kongkret
Inggih menika tembung ingkang
saged dipuntangkep dening indera
ingkang saged dados imaji.
Tembung-tembung ingkang gayut kaliyan pralambang utawi kiasan.
e. Basa figuratif
Inggih menika basa ingkang
ndadosaken konotasi tartamtu. Basa
figuratif ndadosaken geguritan dados prismatis, ingkang tegesipun gadhah kathah
teges. Basa figuratifI ugi dipunsebat
majas. Macem-macemipun majas inggih
menika metafora, simile, personifikasi,
litotes, ironi, sinekdoke, eufemisme, repetisi, anafora, pleonasme, antitesis,
alusio, klimaks, antiklimaks, satire, pars pro toto, totem pro parte, dumugi paradoks.
f. Verivikasi
Inggih menika gayut kaliyan rima, ritme, saha metrum. Rima inggih menika suwanten ingkang sami wonten ing
geguritan, wonten wiwitan utawi pungkasan, madya, saha pungkasaning gatra
wonten ing geguritan. Ritma (ritme;
irama) inggih menika alunan ingkang kedadosan amargi ingkang
dipunambali saha gentosan satuan
suwanten. Metrum inggih menika ukuraning irama
ingkang dipuntamtokaken kaliyan cacahipun saha dawanipun tekanan suku ing tembung wonten ing saben gattra, kanthi pambagi suku kata ingkang dipuntamtokaken
kaliyan golongan sintaksis.
2.
Unsur
Batin Geguritan
Struktur batin inggih
menika unsur ingkang mbangun geguritan ingkang boten langsung katingal langsung wonten ing panyerataning
tembung-tembung. Dipunperang dados:
1. Tema/makna
(sense)
Tema
inggih
menika pokok pikirana.; dhasaring
cariyos. Medianipun inggih menika
basa, pramila geguritan menika kedah anggadhahi teges, teges saben tembung,
gatra, utawi teges sedayanipun.
2. Raos
(feeling)
Sikapipun
panyerat kaliyan pokok masalahipun
ingkang wonten ing sajroning geguritan.
3. Nada
(tone)
Inggih menika sikap panyerat mawi nadanipun. Nada ugi
anggadhahi gayut kaliyan tema saha raos.
4. Amanat/tujuan/maksud (itention
Inggih
menika gagasan ingkang ndhasari karya sastra; pesen ingkang badhe
dipunandharaken panyerat kangge pamaos utawi ingkang mirengaken.
C. Analisi Geguritan kanthi
Irah-irahan Ature Simbah
Ature Simbah
Carang-carang
kanga king
Amarga tanpa
tumuruning tirta amerta
Nalika tiba
ing titi wanci ketiga ngerak iki
Jun-jun kang
sumendhe wis asat kawit wingi-wingi
Sambat
tangis anggegirisi sumebar
Ing salumahe
bawana
Jebul bener
ature simbah wingi
Aja kok
ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
Banjur saiki
coba delengen
Ijo royone
gunung kidul omah kae
Kaganti
dening jangkar-jangkar
Kang
ndadekake bumi mranggas kaya dina iki
a. Unsur
Fisik
Tipografi
Ø
Geguritan
‘ature simbah’ dipunserat kanthi tipografi
rata kiri, boten wonten baitipun.
Gatra utawi larikipun ingkang wiwitan dumugi pungkasan menika teratur boten wonten jarak setunggal spasi. Panyerat maringi aksen-aksen wonten ing larik-larik
tartamtu. Inggih menika ndamel larik ingkang langkung panjang tinimbang
sanesipun, inggih menika larik kaping 4, 8, saha 12. Ingkang nganggit katingal
IsistematisI anggenipun ndamel geguritan menika.
Diksi
Ø
Kathah
diksi ingkang dipunginakaken. Wonten
geguritan kanthi irah-irahan Ature Simbah saben tembung sampun jelas
maknanipun. Wonten saperangan tembung ingkang dipunginakaken:
·
Aking
: kata ’aking’ ini menggantikan kata ‘garing’ yang berarti kering.
·
Tirta
: merupakan nama lain (dasanama) dari air
·
Ketiga
ngerak : maksudnya mangsa kemarau yang sangat panjang
·
Bawana
: merupakan nama lain (dasanama) dari bumi atau tanah
·
Jangkar-jangkar
: maksudnya ranting-ranting pohon yang sudah kering
Imaji
Ø
Wonten
geguritan kanthi irah-irahan Ature Simbah, ingkang nganggit ngginakaken imaji suwanten. Saged dipunpirsani wonten ing
tembung “ sambat tangis anggegirisi sumebar”.
Kata
konkret
Ø
Tembung-tembung
kadosta aking, ketiga, asat nerangaken bilih wonten geguritan samenika
dipungawe nalika musin ketiga ingkang langkung panjang.
Gaya bahasa
Ø
Wonten
saperangan majas ing geguritan Ature Simbah inggih menika:
·
Majas personifikasi pada :
-
tumuruning
tirta amerta
-
Jun-jun
kang sumendhe
-
Salumahe bawana
·
Majas metafora pada :
-
aja
kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
wonten
geguritan menika woten pencitraan
pendengaran inggih menika wonten ing tembung “ sambat tangis anggegirisi sumebar”. Wonten
ugi pencitraan penglihatan wonten
tembung “carang-carang kang king”,”ijo royone gunung kidul omah kae”.
b. Struktur Batin
Tema
Ø
Geguritan
Ature Simbah anggadhahi tema sosial, ingkang ngandharaken pesenipun simbah ngengingi
mangsa ketiga ingkang panjang ingkang kedadosan ing desa.
Raos
Ø
Raosipun
inggih menika raos prihatin kaliyan ketiga.
Nada
Ø
Nadanipun ngajak supados kerjasama kaliyam pamaos kangge pados cara masalah ingkang
dipunsebabaken kaliyan mangsa ketiga.
Amanat
Ø
Ngandharaken
bilih sedaya ngendikanipun tiyang sepuh menika sae, lajeng lngkung leres. Sanajan
kaleresanipun boten langsung kabukten, ananging kula tuwin panjenengan bakal
sasar kaleresan kala wau.tapi suatu saat pasti kita menyadari kebenaran
tersebut. Wonten geguritan Ature Simbah, panyerat nembe sadar kaleresan ingkang
dipunandharaken dening simbah ngengingi kedadosan ingkang dipunsebabaken mangsa
ketiga. Kadosta mangsa ketiga, amargi buminipun dipunrisak nyebabaken
gantinipun mansa menika boten tamtu. Simbah pesen supados njagi buminipun,
lajeng dampakipun dipunraosaken
dening panyerat.
BAB III
Panutup
A. Dudutan
Geguritan
inggih menika kidung utawi tembang (Padmosoekotjo, 1960:1920) ingkang sami kaliyan sair (Subalidinata,1994:
45). Unsur-unsuring geguritan wonten
kalih inggih menika unsur fisik saha unsur batin. Analisisipun:
a.
Unsur Fisik
Tipografi:
dipunserat kanthi tipografi rata kiri,
boten wonten baitipun. Gatra utawi
larikipun ingkang wiwitan dumugi pungkasan menika teratur boten wonten jarak setunggal spasi. Panyerat maringi aksen-aksen
wonten ing larik-larik tartamtu. Inggih menika ndamel larik ingkang langkung
panjang tinimbang sanesipun, inggih menika larik kaping 4, 8, saha 12. Ingkang
nganggit katingal sistematis anggenipun
ndamel geguritan menika.
Diksi:
·
Tirta
: merupakan nama lain (dasanama) dari air
·
Ketiga
ngerak : maksudnya mangsa kemarau yang sangat panjang
·
Bawana
: merupakan nama lain (dasanama) dari bumi atau tanah
·
Jangkar-jangkar
: maksudnya ranting-ranting pohon yang sudah kering
Imaji: imaji suwanten. Saged dipunpirsani wonten ing
tembung “ sambat
tangis anggegirisi sumebar”
Kata konkret: Tembung-tembung kadosta aking, ketiga, asat nerangaken bilih
wonten geguritan samenika dipungawe nalika musin ketiga ingkang langkung
panjang.
Gaya bahasa
Ø
Wonten
saperangan majas ing geguritan Ature Simbah inggih menika:
·
Majas personifikasi:
- tumuruning tirta amerta
- Jun-jun kang sumendhe
- Salumahe bawana
·
Majas metafora wonten ing :
- aja kok ganti rambute
bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
wonten
geguritan menika woten pencitraan
pendengaran inggih menika wonten ing tembung “ sambat tangis anggegirisi sumebar”. Wonten
ugi pencitraan penglihatan wonten
tembung “carang-carang kang king”,”ijo royone gunung kidul omah kae”.
b.
Struktur
Batin
- Tema : tema sosial, ingkang ngandharaken pesenipun
simbah ngengingi mangsa ketiga ingkang panjang ingkang kedadosan ing desa.
- Raos : Raosipun inggih
menika raos prihatin kaliyan ketiga.
- Nada:
Nadanipun ngajak supados kerjasama kaliyam pamaos kangge pados cara masalah ingkang
dipunsebabaken kaliyan mangsa ketiga.
- Amanat: Ngandharaken bilih
sedaya ngendikanipun tiyang sepuh menika sae, lajeng lngkung leres. Sanajan
kaleresanipun boten langsung kabukten, ananging kula tuwin panjenengan bakal
sasar kaleresan kala wau.tapi suatu saat pasti kita menyadari kebenaran tersebut.
Wonten geguritan Ature Simbah, panyerat nembe sadar kaleresan ingkang
dipunandharaken dening simbah ngengingi kedadosan ingkang dipunsebabaken mangsa
ketiga. Kadosta mangsa ketiga, amargi buminipun dipunrisak nyebabaken
gantinipun mansa menika boten tamtu. Simbah pesen supados njagi buminipun,
lajeng dampakipun dipunraosaken
dening panyerat.
Kapustakan
http://dari-enol.blogspot.co.id
http://coretan-pena-pemula.blogspot.co.id/2013/07/unsur-unsur-puisi-struktur-fisik-dan.html
https://psikologjawacilik.wordpress.com/2013/12/16/contoh-analisis-geguritan/




Author by
0 komentar:
Posting Komentar