Tugas Ndamel Seratan

Posted by : Rachmawati
Tata Krama
Tata krama utawi unggah-ungguh wonten pagesangan ing jaman samenika sampun mrihatosaken. Tata krama menika asalipun saking tembung tata lan krama, tata menika anggadhahi teges aturan, dene krama menika anggadhahi teges pratingkah, tata pranata ingkang becik, suba-sita (Bausastra). Tata krama ugi anggadhahi peran wonten pagesangan masarakat Jawi. Kathah bocah ingkang unggah-ungguhipun boten  trep kaliyan tiyang Jawi. Sajatosipun tata krama menika kathah sanget ingkang dipunrembag. Tuladhanipun kadosta bab ngginakaken basa tumrapipunn tiyang nem dhateng tiyang ingkang langkung sepuh. Bocah jaman samenika sampun langka ingkang ngginakaken basa krama dhateng tiyang sepuhipun. Lajeng, tiyang sepuh menika gadhah peran penting kangge ndhapuk kados pundhi kapribadi larenipun.
Tata krama menika dados titikan sipatipun manungsa, mliginipun kangge masarakat Jawi. Tata krama menika wujud pakurmatan dhateng sanesipun saha pakurmatan dhateng sasami ciptaanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos. Tata krama ugi saged dados titikanipun kahanan saha sipatipun masarakat, amargi tata krama menika gambaraken pribadi masarakat kala wau wonten padintenanipun. Tata krama menika prelu sanget dipunrembag wonten jaman samenika. Tata krama inggih menika aturan. Aturan ingkang prelu sanget dipungatosaken lan dipunlaksanakaken, supados tiyang ingkang numindakaken saged dipuntampi dening masarakat. Tumindak ingkang sae, menawi asring dipuntindakaken saged dados pakulinan.
Tata krama menika saged dipunajaraken marang generasi enem menika wiwit saking alit, utawi wiwit saking kawaluarga ingkang dados sarana komunikasi bocah ingkang kapisan. Kawaluarga menika saged damel tuladha marang generasi salajengipun. Saking menika, tata krama prelu sanget dipunajaraken marang bocah kangge pagesangan wonten masarakat.
 
 
Puput Handayani 15205241072 
Rachmawati 15205241059
Kelas K

0 komentar:

Posting Komentar