Gambar 1. Sukrasana Sumantri |
Malam puncak adicara Pentas Akhir Kepengurusan (PAK) igngih menika salah satunggaling rerangkening adicara PAK. Menika kalaksanan ingkang tumraping sedaya warga HIMA Jawa Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta. Adicara samenika dipunsamektakaken kanca-kanca pangemban HIMA Jawa angkatan 2015 kangge mas mbak pangemban HIMA Jawa angkatan 2014 ingkang badhe paripurna saking pangemban HIMA Jawa. Pentas Akhir Kepengurusan warsa menika
dipun wontenaken adhedhasar pirembagan sareng kaliyan para warga HIMA Jawa, supados adicara menika saged kaleksanan kanthi lancar, adicara menika ugi dipun
sengkuyung saking warga HIMA.
Pentas Malam Puncak tahun menika wonten adicara
pagelaran ringgit wacucal. Pentas menika sedaya dipun sengkuyung saha
dipunayahi dening warga HIMA Jawa piyambak. Prayogi saking wiyaga, waranggana,
penggerong, saha dhalangipun inggih menika saking warga HIMA. Pentas menika
kanthi lakon “Sumantri Ngenger” ingkang gadhah pangajab supados sedaya warga
saged mendhet pitutur ingkang prayogi tumrap gesang.
0 komentar:
Posting Komentar