Ahmad Agung Masykuri, mahasiswa berprestasi saking Kediri, menika lair nalika tanggal 26 Januari 1995. Menika putra ragil utawi putra pandhadha ingkang anggadhahi hobi design ingkang sampun dipungladhen wiwit SMP. Dhimas Agung, nama ingkang asring dipunundangi kaliyan kanca-kancanipun menika alumni saking SMAN 2 Pare, Jawa Timur. Putra Bapak Makmur (alm) lan Ibu Siti Munifah menika boten nyangka bilih piyambabakipun ketampi wonten Jurusan Pendidikan Geografi, Fakultas Ilmu Sosial taun 2013 jalur SBMPTN lan pikantuk beasiswa Bidik Misi.
Tiyang ingkang ngginakaken kaca t
menika carios bilih nalika kelas 1 SMP rumiyin, Bapanipun seda. Wiwit menika, ingkang biasanipun bidhal sekolah kaliyan bapak ingkang
jarakipun saking griya menika 10km, nitih angkot umum dumugi kelas 2 semester
1. Lajeng wiwit kelas 2 semester 2 dumugi kelas 3 SMA menika langkung asring
nitih pit. SMPN 2 Pare, smpnipun mas Agung menika sekolah kalebet RSBI (Rintisan Sekolah Bertaraf Internasional). Mbakyu
ingkang mbarep kaliyan mbakyu ingkang nomer 2 menika taksih sami kuliah wonten
Ngayogyakarta, lajeng piyambakipun pikantuk beasiswa. Beasiswa menika awujud BOS
(Bantuan Operasional Sekolah) satemah saged ngalajengaken sekolahipun, lajeng mbakyui ngkang mbarep kaliyan mbakyu ingkang nomer 2 ugi pikantuk beasiswa wonten
kampusipun.
Nalika sekolah rumiyin, SD kelas
1 dumugi kelas 6 menika mesti kalebet juara 3 besar wonten kelas. Lajeng nalika
SMP pikantuk juara 1 dapur umum wonten PMR Madya. Dumugi dados mahasiswa,
dhimas Agung menika asring tumut lomba. Sampun kathah ugi prestasi akademik lan
non-akademik ingkang sampun dipungayuh. Sampun 3 tahun menika pikantuk presma,
lajeng sampun kaping 2 dados mapres
utawi mahasiswa berprestasi tingkat fakultas. Prestasi wiwit mahasiswa enggal
tahun sepisan dumugi tahun kaping tiga menika asring pikantuk piala. “Ingkang
ndadosaken bingah menika sanes pialanipun, ananging respon saking ibu nalika
wangsul lan ndamel ibu bingah manahipun”, cariosipun Agung.
Prestasi-prestasi ingkang sampun
dipungayuh dumugi taun 2015 menika wonten juara 1 Coastal Planning Lomba Karya Tulis Mahasiswa
tingkat Nasional PWK ITS juara 2 Poster HUT Reality FIP UNY, juara
2 Poster Metamorphosa FK UNS Tingkat Nasional, juara 2 Poster UMY Accounting, juara
1 Poster Eksis UNNES, Finalis Poster IEPC IPB, juara 1 Lomba Menulis Surat
Perubahan AUBMO UNAIR, Finalis Lomba Essay AUBMO UNAIR, Finalis Lomba
Poster Universitas Jember, lsp.
Taun 2016 menika, paperipun sampun lolos seleksi wonten
Adelaide, Australia. Ananging, amargi kampus boten acc dananipun, paper menika boten dipunlajengaken.
Dhimas Agung sampun ikhlas, lajeng gadhah angen-angen bilih menika taksih
dereng rejekinipun. Perjuangan ingkang nggayuh prestasi menika kathah, kadosta
sinau, tumut organisasi, asring gladhen, lsp. Nalika sekolah rumiyin
piyambakipun aktif kegiatan OSIS, Pramuka, PMR. Nalika dados mahasiswa, taksih
aktif ugi tumut organisasi kadosta UKMF penelitian Screen, Fomuny, Volunteer UNY nalika wonten mahasiswa
saking negara sanes, UKM kewirausahaan. Menawi wonten njawi kampus menika tumut
KGLC (Karung Goni Leading Center) menika taman baca masyarakat ing Ngemplak
minangka divisi media, KOPHI (Koalisi Pemuda Hijau Indonesia) daerah Yogyakarta minangka humas. Suka dukanipun menika saged
ndadosaken tiyang sepuhipun kanthi raos bangga,
saged mbuktikaken bilih ingkang sampun dipun pilih menika boten nate salah,
menawi salah menika saged dipunewahi. Dukanipun,
nate boten pikantuk juara, sampun nate boten digagas, dipunanggep tim namung
panjangkep, boten angsal dukungan
dana saking kampus, boten pikantuk ijin saking dosen.
Dhimas Agung matur bilih
perjuanganipun tiyang gesang menika nembe keraos nalika sampun usaha. Iri
kaliyan tiyang sanes menika asring, kaliyan tiyang ingkang lagkung berprestasi
tinimbang piyambakipun, ananging prestasi ingkang dipunirikaken menika langkung
becik bilih kita berproses diri kemawon, lan sainganipun menika sejatosipun
dhiri pribadi, masa lalu,masa
samenika, lan pangajabipun wonten masa
depan. Kegiatanipun wonten semester 7 menika skripsi, wiwit bikak bisnis
ingkang dipunajak kaliyan kancanipun menika wonten brand merchandise UNY, mbiyantu adhi-adhi bisnis lan supados saged
pikantuk dana saking PMW (Program Masa Wirausaha). Brand merchandise UNY menika ugi nampi pesenan kaos, PDL utawi miturut pesenannipun. Samenika gabung kaliyan tim
ngajukaken dana IBT (Inkubasi Basis Teknologi) sasaranipun perusahaan berkapasitas pemula, bisnis pemula babagan sampah, kegiatan ndamel essay kangge koran, rubrik online utawi offline. Pangajabipun menika saged kuliah S2 wonten
Ritsumeikan University wonten Kyoto, Jepang.
Pesenipun dhimas Agung
menika, boten usah getun kaliyan menapa ingkang sampun dipunlampahi 4 taun
menika, jurusan menapa kemawon, nikmati, lampahi sedaya rintanganipun. Tempatkanlah pangajab
menapa ingkang langkung dipungayuh, amargi menika saged ndadosaken fokus, amrih
boten kesed, langkung semangat. "Jika hidup hanya sekedar hidup, babi di
hutan juga hidup. Jika bekerja hanya sekedar bekerja, kera juga bekerja", dening Buya Hamka pramila saking andharan menika sumangga kula panjenengan sami memperbaiki dhiri, mantasaken dhiri
supados kita langkung sae amargi kita sedaya boten semerap kapan kita ngadhep
Gusti ingkang Maha Kuaos. Prestasi ingkang sampun dipungayuh menika masa lalu sanes masa depan. Boten pareng iri kaliyan tiyang sanes, pareng iri
kaliyan 2 perkawis, iri kaliyan ilmu ingkang mangpaat, kaliyan iri kaliyan
tiyang ingkang bondhonipun dipunginakaken kagem perkawis ingkang sae. Mugi kita
mangke saged kepanggih wonten kesuksesan.
0 komentar:
Posting Komentar