Malam Puncak PAK Hima Jawa FBS UNY

Posted by : Rachmawati 0 Comments

Gambar 1. Sukrasana Sumantri
Malam puncak adicara Pentas Akhir Kepengurusan (PAK) igngih menika salah satunggaling rerangkening adicara PAK. Menika kalaksanan ingkang tumraping sedaya warga HIMA Jawa Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta. Adicara samenika dipunsamektakaken kanca-kanca pangemban HIMA Jawa angkatan 2015 kangge mas mbak pangemban HIMA Jawa angkatan 2014 ingkang badhe paripurna saking pangemban HIMA Jawa. Pentas Akhir Kepengurusan warsa menika dipun wontenaken adhedhasar pirembagan sareng kaliyan para warga HIMA Jawa, supados adicara menika saged kaleksanan kanthi lancar, adicara menika ugi dipun sengkuyung saking warga HIMA. 
Pentas Malam Puncak tahun menika wonten adicara pagelaran ringgit wacucal. Pentas menika sedaya dipun sengkuyung saha dipunayahi dening warga HIMA Jawa piyambak. Prayogi saking wiyaga, waranggana, penggerong, saha dhalangipun inggih menika saking warga HIMA. Pentas menika kanthi lakon “Sumantri Ngenger” ingkang gadhah pangajab supados sedaya warga saged mendhet pitutur ingkang prayogi tumrap gesang.

Grebeg Maulud Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat

Posted by : Rachmawati 0 Comments
 Gambar 1. Gunungan Lanang 
 (sumber klik )
Adicara Grebeg Maulud inggih menika menika adicara kange mengeti lairipun Nabi muhammad SAW. Tembung grebeg menika asalalipun saking tembung gumrebeg ingkang anggadhahi teges rame. Menika dipunlaksanakaken wonten tanggal 12 wulan Mulud kalender Jawi, tahun 2016 menika nalika tanggal 12 Desember. Dipunwiwiti kaliyan parade prajurit kraton ingkang kaperang dados: Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh, Jogokaryo,Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijeron, Surokarso, dan Bugis. Dipunwiwiti wonten halaman leripun kraton, nglewati Sitihinggil, Pagelaran, lajeng mlampah dhateng alun-alun utara.
                Jam 10.00 enjing menika, Gunungan dipunbekta ninggalaken Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, Alun-Alun Utara, salajengipun dipunbekta wonten masjid Agung Kauman. Nalika gunungan dipunbekta ninggalaken keraton, barisan ingkang sepisan menika wonten prajurit Wirbraja, ingkang asring dipunsebat prajurit lombok amargi busana khasipun warni abrit ngagem topi Kundhup Turi awujud kadosta lombok. Prajurit Wirobrajan menika anggadhahi tugas “cucuking laku” amargi barisan garda ingkang paling ngajeng saben upacara keraton. Gunungan ingkang dipunbekta inggih menika  Gunungan Jaler, Gunungan Estri, serta Gepak dan Pawuhan. Gunungan Jaler ingkang awujud gunung menika saking kasilipun panen kadosta sayur-sayuran (kacang panjang, kentang, dll). Lajeng gunungan estri menika saking rengginang ingkang dipunbentuk awujud sekar. Gunungan menika anggadhahi nilai filosofi, gunungan ingkang kasilipun panen lan rengginang menika simbol saking kemakmuran ingkang salajengipun dipunbagikaken kaliyan masarakat.
Nalika gunungan dipunbekta wonten masjid Agung, menika kadangka saged mireng tembakan salvoingkang ngiringi gunungan menika. Serah terima gunungan wonten plataran majid Agung lajeng dipundongani, prajurit ingkang ngawal inggih menika prajurit Bugis ingkang ngagem busana cemeng kaliyan topi, ugi kaliyan prajurit Surakarsa ingkang ngagem busana pethak. Sabibaripun didongani, gunungan menika dipunbagikaken wonten masarakat.
Setelah gunungan diserahkan kepada penghulu Masjid Gede untuk kemudian didoakan oleh penghulu tersebut, gunungan pun dibagikan.


Gambar 2
(sumber klik )

Gambar 3
(dok pribadi)




Gambar 4
(dok. pribadi)


Gambar 5. GununganWedok
(sumber klik)




Gambar6
( sumber klik )


Gambar 7
(sumber klik )

Gambar 8. Nalika gunungan kantun kerangkanipun
(dok.pribadi)


Gambar 9. Ramenipun Grebeg maulid 12/12/2016
(dok. pribadi)



#Geguritan

Posted by : Rachmawati 1 Comments

Nalika Sang Surya Sumunar

Sumunaring aditya sumirat ing sisih wetan
Nyapa bumi pertiwi
Cicit cuwiting manuk dadi lagu alam
Angin sumribid nentremne ati
Cempe ning lapangan
Padha playon
Padha gegojegan
Cerita masalah uripe
Nora ana pambeda siji lan liyane
Kabeh padha guyub
Nalika sang surya sumunar...
Kabeh bungah

#Geguritan

Posted by : Rachmawati 0 Comments
Kumbang Ngenteni

Biruning mega dina iki
Lawan mendunging ati
Ron ijo royo-royo marai lali
Apa jroning ati
Kumbang ngenteni...
Nggawa rasa sejati
Ing suksma pratiwi
Pang mbaka siji diencloki
Ron layu tiba ing siti
Kegawa bayu nyawiji
Kaya dina-dina wingi
Kumbang isih ngenteni
Mekaring puspa kang kuncup suwi

MAHADIKSI KALIYAN SEGUDANG PRESTASINIPUN

Posted by : Rachmawati 0 Comments

Gambar 1. Ahmad Agung Masykuri (dok.pribadi)

Ahmad Agung Masykuri, mahasiswa berprestasi saking Kediri, menika lair nalika tanggal  26 Januari 1995. Menika putra ragil utawi putra pandhadha ingkang anggadhahi hobi design ingkang sampun dipungladhen wiwit SMP. Dhimas Agung, nama ingkang asring dipunundangi kaliyan kanca-kancanipun menika alumni saking SMAN 2 Pare, Jawa Timur. Putra Bapak Makmur (alm) lan Ibu Siti Munifah menika boten nyangka bilih piyambabakipun ketampi wonten Jurusan Pendidikan Geografi, Fakultas Ilmu Sosial taun 2013 jalur SBMPTN lan pikantuk beasiswa Bidik Misi.
            Tiyang ingkang ngginakaken kaca t menika carios bilih nalika kelas 1 SMP rumiyin, Bapanipun seda. Wiwit menika, ingkang biasanipun bidhal sekolah kaliyan bapak ingkang jarakipun saking griya menika 10km, nitih angkot umum dumugi kelas 2 semester 1. Lajeng wiwit kelas 2 semester 2 dumugi kelas 3 SMA menika langkung asring nitih pit. SMPN 2 Pare, smpnipun mas Agung menika sekolah kalebet RSBI (Rintisan Sekolah Bertaraf Internasional). Mbakyu ingkang mbarep kaliyan mbakyu ingkang nomer 2 menika taksih sami kuliah wonten Ngayogyakarta, lajeng piyambakipun pikantuk beasiswa. Beasiswa menika awujud BOS (Bantuan Operasional Sekolah) satemah saged ngalajengaken sekolahipun, lajeng mbakyui ngkang mbarep kaliyan mbakyu ingkang nomer 2 ugi pikantuk beasiswa wonten kampusipun.
Nalika sekolah rumiyin, SD kelas 1 dumugi kelas 6 menika mesti kalebet juara 3 besar wonten kelas. Lajeng nalika SMP pikantuk juara 1 dapur umum wonten PMR Madya. Dumugi dados mahasiswa, dhimas Agung menika asring tumut lomba. Sampun kathah ugi prestasi akademik lan non-akademik ingkang sampun dipungayuh. Sampun 3 tahun menika pikantuk presma, lajeng  sampun kaping 2 dados mapres utawi mahasiswa berprestasi tingkat fakultas. Prestasi wiwit mahasiswa enggal tahun sepisan dumugi tahun kaping tiga menika asring pikantuk piala. “Ingkang ndadosaken bingah menika sanes pialanipun, ananging respon saking ibu nalika wangsul lan ndamel ibu bingah manahipun”, cariosipun Agung.
Prestasi-prestasi ingkang sampun dipungayuh dumugi taun 2015 menika wonten juara 1 Coastal Planning Lomba Karya Tulis Mahasiswa tingkat Nasional PWK ITS juara 2 Poster HUT Reality FIP UNY, juara 2 Poster Metamorphosa FK UNS Tingkat Nasional, juara 2 Poster UMY Accounting, juara 1 Poster Eksis UNNES, Finalis Poster IEPC IPB, juara 1 Lomba Menulis Surat Perubahan AUBMO UNAIR, Finalis Lomba Essay AUBMO UNAIR, Finalis Lomba Poster Universitas Jember, lsp.

Taun 2016 menika, paperipun sampun lolos seleksi wonten Adelaide, Australia. Ananging, amargi kampus boten acc dananipun, paper menika boten dipunlajengaken. Dhimas Agung sampun ikhlas, lajeng gadhah angen-angen bilih menika taksih dereng rejekinipun. Perjuangan ingkang nggayuh prestasi menika kathah, kadosta sinau, tumut organisasi, asring gladhen, lsp. Nalika sekolah rumiyin piyambakipun aktif kegiatan OSIS, Pramuka, PMR. Nalika dados mahasiswa, taksih aktif ugi tumut organisasi kadosta UKMF penelitian Screen, Fomuny, Volunteer UNY nalika wonten mahasiswa saking negara sanes, UKM kewirausahaan. Menawi wonten njawi kampus menika tumut KGLC (Karung Goni Leading Center) menika taman baca masyarakat ing Ngemplak minangka divisi media, KOPHI (Koalisi Pemuda Hijau Indonesia) daerah Yogyakarta minangka humas. Suka dukanipun menika saged ndadosaken tiyang sepuhipun kanthi raos bangga, saged mbuktikaken bilih ingkang sampun dipun pilih menika boten nate salah, menawi salah menika saged dipunewahi. Dukanipun, nate boten pikantuk juara, sampun nate boten digagas, dipunanggep tim namung panjangkep, boten angsal dukungan dana saking kampus, boten pikantuk ijin saking dosen.
Dhimas Agung matur bilih perjuanganipun tiyang gesang menika nembe keraos nalika sampun usaha. Iri kaliyan tiyang sanes menika asring, kaliyan tiyang ingkang lagkung berprestasi tinimbang piyambakipun, ananging prestasi ingkang dipunirikaken menika langkung becik bilih kita berproses diri kemawon, lan sainganipun menika sejatosipun dhiri pribadi, masa lalu,masa samenika, lan pangajabipun wonten masa depan. Kegiatanipun wonten semester 7 menika skripsi, wiwit bikak bisnis ingkang dipunajak kaliyan kancanipun menika wonten brand merchandise UNY, mbiyantu adhi-adhi bisnis lan supados saged pikantuk dana saking PMW (Program Masa Wirausaha). Brand merchandise UNY menika ugi nampi pesenan kaos, PDL utawi miturut pesenannipun. Samenika gabung kaliyan tim ngajukaken dana IBT (Inkubasi Basis Teknologi) sasaranipun perusahaan berkapasitas pemula, bisnis pemula babagan sampah, kegiatan ndamel essay kangge koran, rubrik online utawi offline. Pangajabipun menika saged kuliah S2 wonten Ritsumeikan University wonten Kyoto, Jepang.
          Pesenipun dhimas Agung menika, boten usah getun kaliyan menapa ingkang sampun dipunlampahi 4 taun menika, jurusan menapa kemawon, nikmati, lampahi sedaya rintanganipun. Tempatkanlah pangajab menapa ingkang langkung dipungayuh, amargi menika saged ndadosaken fokus, amrih boten kesed, langkung semangat. "Jika hidup hanya sekedar hidup, babi di hutan juga hidup. Jika bekerja hanya sekedar bekerja, kera juga bekerja", dening Buya Hamka pramila saking andharan menika sumangga kula panjenengan sami memperbaiki dhiri, mantasaken dhiri supados kita langkung sae amargi kita sedaya boten semerap kapan kita ngadhep Gusti ingkang Maha Kuaos. Prestasi ingkang sampun dipungayuh menika masa lalu sanes masa depan. Boten pareng iri kaliyan tiyang sanes, pareng iri kaliyan 2 perkawis, iri kaliyan ilmu ingkang mangpaat, kaliyan iri kaliyan tiyang ingkang bondhonipun dipunginakaken kagem perkawis ingkang sae. Mugi kita mangke saged kepanggih wonten kesuksesan.

 Gambar 2. Kaos Merchandise UNY



Gambar pamflet Merchandise UNY


Instagram Ahmad Agung Masykuri:  @masykuri53 atau klik disini
Merchandise UNY : @uny.merch atau klik disini


Wawancara dinten Rebo, 7 Desember 2016
Papanipun wonten Food Court Fakultas Matematika dan Ilmu Pengetahuan Alam, Universitas Negeri Yogyakarta

Mendhem Tresna

Posted by : Rachmawati 0 Comments


“Dino endi ya? Ana sing ngerti Dino ora cah?” Ana mbengok mbengok nggoleki Dino karo ekspresi sing aneh, lambene ngowoh ananging karo mesem, irunge bolongane loro, karo nari tor-tor, gawe rame suasan kelas kang lagi do spaneng mergo arep ana kuis ing salah sawijining makul dina iki. “Aku Na, ngopo?” Dino nyemauri Na karo suara khase, seko pojok kelas. “Eh Din, selamet yaa! Karya tulis ilmiahmu dadi juara 1. Aku bangga banget dadi nduwe kanca kowe.” jare Ana karo mlayu ning arahe Dino ngadek lan langsung ngrangkul Dino. “Iya iya matur nuwun dab, tapi ya aja ngene, biasa wae” jawabe Dino karo wajah datare. Dino kui bocahe pancen misterius, angel dibedek. Tapi yen masalah ilmu, aja tekon, Dino kuwi sugih kawruh, apa wae mesti weruh. Kabeh sekelas dho bengok kang wis kondang seko jaman baheula sampek Anang-Ashanty, cieeee, banjur kanca-kanca dho ngucapke selamet ning Dino. Pak Rudi kang lgi wae rawuh melu nyelameti Dino kang juara, nalika mlaku arep ning ruang kuliah mau Pak Rudi krungu suarane Ana sing bengok-bengok kaya bledhek suarane. Kanca-kanca wis dho ngucapne slamet, nanging mung aku thok sing durung ngucapne selamet. Aku seneng karo Dino. Lan saiki aku didepke karo kahanan kang kudu salaman, ndelok mripate karo ngomong “Selamet yo, endi traktirane?” aku grogi banget, grogi tingkat dewa. Kanca-kanca wis padha lungguh ning kursine dewe-dewe. Aku? Aja takon, aku isih bingung kudu kepiye, jantungku deg-degan kaya suara tabuhane gendang. Akhire aku ngewanekne ngomong “Selamet yo! Kowe pancen hebat!” kui omongan sing metu ning lambeku, bedo meneh karo ning atiku, “kowe pancen hebat banget isa dadi juara 1, karo isa menangne atiku.. #eeaa”, “iya, nuwun ya Tita” balese Dino karo mesem kang gawe tentreming ati. Rasane aku meh leleh gara-gara esem manise. Aku akhire salaman karo Dino. Aku deg degan banget. Luwih cepet.
Aku pancen seneng Dino wiwit semester 3. Saiki aku wis semester 5. Ora krasa yen saiki meh 3 tahun anggonku seneng karo Dino. Aku ora ngerti kenapa tresna sepisanku iki karo Dino. Dino wis gawe sarang tresna ning atiku, ananging sayange Jason gur mbangun sarange tanpa manggeni kui. Mak Jleb rasanya. Sakdurunge aku kuliah iki, aku durung tau seneng karo uwong. Dadi pacaran wae durung tau. Anehe  aku seneng karo uwong sing cuek masalah cinta-cintaan. Deweke fokus banget karo kuliahe. Aku ya ora tau krungu Dino seneng karo bocah. Akeh sing seneng karo Dino amergo deweke pancen tipe idaman (uluh-uluh). Tapi tetep wae deweke kekeuh karo prinsipe. Sokor koe para fanse Dino, hahah *ketawa jahat, eh aku kan yo fanse e. Mendadak amnesia.
Dino ora tau ngerti yen aku kui seneng karo deweke. Saben dina aku ngirimke layang tresnaku iki marang gusti kang maha kuaos. Yo ngono kae wis rasane mendhem tresno. Dino oh Dino. “Semangat terus yo Din, mugo-mugo apa sing mbok karepke kelakon. aammiinn” aku dungo karo nguasi Dino. Lho kok aku malah dungo? Iya, soale yen Dino sampe ora peka karo perasaanku, mugo dungo iki isa. Ya kabeh pancen wis ginaris dewe-dewe. Tanpa sengaja, aku lewat mading kang ana pengumuman lomba cerkak. Aku dadi tertarik melu iki. Aku pancen durung tau nulis-nulis kang migunani kanggo wong liya. Aku dadi kepikiran arep melu kui. Hadiahe ya lumayan. Anak kos pancen tertarik karo sembarang sing bisa ngisi dompet nalika tanggal tua ngene iki. Jenenge yo cah kos, cah kos juga manusia.
Aku bergulir ning dunya panyeratan iki. Aku pengen dadi wong kang migunani marang wong liyane. Senajan aku isih seneng Dino, tapi rasa senengku kui tak nggo ning hal-hal positip senajan to Dino tetep wae ora weruh yen aku tresna. Aku pancen ora tau nuduhke yen aku seneng Dino, Dino mesem nang aku wae aku wis seneng banget. Aku udu bocah kang gampang ngomong yen aku tresno karo wong sing tak senengi, senajan iki wis taun 2020, aku isih ngrasa yen ora patut bocah wadon ngomong tresno sikek. Kanca-kancaku wis biasa ngunu kui, jamane pancen wis bedha. Ternyata aku nemokke bakatku
Wis akeh karya-karyaku diterbitke ning majalah, wis dadi 2 novel. Alhamdulillah, aku wis berhasil. Selot suwe dina ina wis ceraki anggonku Wisuda. Fansku wis padha ngucapke selamet nalika aku upload foto yudisiumku ning instagraam. Kanca-kancakku akeh sing wis maca lan nduweni tulisan-tulisanku. Jarene tulisanku menginspirasi. Aku dadi semangat nulis-nulis maneh. Wisudaku bareng-bareng karo kanca sekelas. Peristiwa iki dadi rekor ning jurusanku, soale seangkatan wisuda bareng. Aku krungu-krungu Dino diundang neruske S2 ning kampus kulon kali. Wah tambah sukses ya Din. Semangat terus pokoke. Aku yawis ana pandangan arep neruske S2 jupuk sastra ning walanda. Aku meh mantepke nulis-nulis. Ben dadi wong kang migunani marang wong liya.
Percayaa, yen hasil kui orang ngianati usahamu. Aku ora kebayang mbiyen nalika kuliah arep dadi apa, aku nulis cerpen kae ya ora tenanan. Awale yo gur coba-coba. Jebul aku tertarik banget karo dunya pena iki. Wis ora krasa gelar master wis tak tampa, ananging aku lagi bingung meh neruske nang negarane wong apa mulih ning negaraku. Isuk iki aku nampa video call seko ibuk, ibu nguwei kabar yen ana kancaku sing mara nang omah. Jarene ibuk kancaku lanang. Aku bedek-bedek dewe kira-kira sapa sing wis sowan ning omahku. Bukane kabeh wis padha ngerti yen aku ora lagi ning omah? Kok ora nge-Line aku wae. Kan wis ana idku ning profil instagram. Kira-kira ana perlu apa ya? Aku dadi bedhek-bedhek dewe. Ibuk ngendika yen pengen ngerti perlune aku dikon bali, lha aku bingung ngopo kok kudu bali. Aku tekon ngeterke undangan, Ibu njawab ora. Kabar bahagia banget. Terus ibuk ngabari yen sedulrku, mamasku arep nikah wulan ngarep. Bisa ora bisa aku kudu bali omah.
“Assalamu’alaikum..” ana suara saka pintu omah ngarep. Aku langsung paham suarane sapa kui mau, kui suarane Dino. “Tapi masak iya Dino? Lha ana perlu apa Dino sowan nang omahku? Aku krungu-krungu yen Dino dadi dosen ning kampusku.” aku mbatin karo nglangkah ning pintu. “Wa’alaikum...” durung rampe yenku jawab saka suara ning walik pintu mau, aku kaget. Ternyata bener, Dino karo bocah wadon sing ayu tenan. Ah paling garwane Dino. Aku sedih. Sek tas 3 dina aku balik saka walandi. Dino lan sing tak kiro garwane mau tak kon melbu lungguh, aku nimbali ibuk ning mburi matur yen ana Dino kancaku sowan. Nalika ibu wis ning ngarep, Dino ngomong yen arep nembung aku minggu ngarep. Aku kaget sak kaget-kagete. Dino crita yen deweke wis maca cerpenku sing ceritane tentang curhatan perasaanku, cerpen sing aku melu lomba nalika aku semester 3 mbiyen. Ternyata Dino ya seneng aku sakdurunge aku nulis cerpen mau. Ah pancen sapa sing ngerti karo perasaane wong. Dino ora duwe instagraam tibake, makane ora ngerti yen aku ora ning omah. Sakwise kuliah kae Dino goleki aku, deweke arep ngomong. Gusti njawab dunga-dungaku selama iki. Kabeh mau pancen wis ginaris. Jodoh ora bakal kijolan. Kabeh wis ana wektune dewe-dewe.
“Ibu Tita!” suarane suster ning dokter kandungan buyarke lamunanku sing kelingan biyen nalika jaman kuliah. Aku dikancani Dino melbu ning ruang periksa.