Nyerat menika ngandharaken ide utawi gagasan mawi lesan. Ancasipun nyerat menika kaperang dados 5, inggih menika:
Tuladha :
2. “tegen, mugen, rigen”
3. “titi, rukti, rumanti”
1.
Ekspresif
Inggih menika karangan ingkang wosipun kangge
maringi pirsa raosipun panyerat utawi kangge
ngandharake raosipunn panyerat kadosta, cariyos saking raosipun panyerat, geguritan,sekar,lsp (sumber: klik).
Wonten ngadhap menika tuladhanipun:
Jaman
Dening: Muhammad Yamin
Jaman gègèr aku ngungsi ketèwèr-tèwèr
ndhelik sor ngèmpèr
ngerti-ngerti ketiban gèntèr
alah bapak balung saté
uripku ijèn-ijènan
Rekasane urip jaman gègèr
ati ora jenjem mangan ora tentrem
turu ora bisa merem
pating jledhor bedhil mriyem
oh, Paiyem..Paiyem, bojoku sing mati kaliren
bubar nglairké anak wadon nalika perang ramé
mula bocah wadon mau dakjenengaké
"Ramé"
Oh, Ramé Ramé kowé sakiki wis genti duwé
anak cacah lima semega-mega
urip jaman merdika enaké apa-apa ana
kliwat édan dadi brandhalan
ombèn-ombèn, mabuk-mabukan
tan ngerti bedhahing kamardikan
Aku tumbaling putuku
lelabuhan jebul aji watu
saiki jaman maju
apa-apa kolu
jaman mau wong urip sarwa kesusu
mlebu metu nèng hotel nyandhing wong ayu
lah bapak ra ngerti saru
sing nèng ngomah padha padu
Damèn-damèn, pari-pari
biyèn-biyèn, saiki-saiki
o, slamet-slamet
jamané bundhet ruwet
ora eling labuh labet
"E, Bocah-bocah... jaman rongèwu nèng
ngarepmu. Mangsa borong, nèng
pundhakmu jaman dadi abang biru.
Aku ora ngaru siku, wis, simbah turu."
(sumber: klik)
Ing nginggil menika
tuladhanipun seratan ekspresif. Kalebet seratan eksresif amargi panyerat kuciwa
kaliyan para pemuda ingkang boten ngregani perjuangan para pahlawan. Temanipun
gegutitan menika kuciwa saged ugi perjuangan. Wosipun amanat dhumateng para
pemuda ingkang ngisi kamardikan.
2.
Informatif
Seratan informatif menika
ancasipun badhe paring informasi utawi badhe caos uninga kangge tiyang ingkang
maos utawi tiyang sanes. Tuladha seratan informatif menika wonten: pawartos,
kalawarti, wara-wara, jurnal, lsp. Wonten ngandhap menika tuladha wara-wara:
Pandhangon : “Kenging menapa seratan menika kalebet seratan informatif?”
Jawab : “Seratan menika paring informasi
bilih warga desa Mulya diaturi tindak wonten adicara malem tirakan. Informasi wekdal
lan papan menika sampun wonten lan sampun cetha.”
3.
Estetis
Tuladhanipun:
Pitutur bener iku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
(Serat Wulangreh Pupuh Gambuh )
Tembang-tembang menika salah sawijining
tuladha ingkang gadhah ancas estetik.
4.
Argumentatif
Tembung argumentasi asalipun
saking tembung ingkang gadhah ateges alesan. Argumrntasi menika jinis karangan ingkang
paring alesan kang kuat kangge njejegake panemuane utawa kangge nolak penemune
liyan. Jinis karangan menika mujudake kahanan kang kanthi bukti-bukti kang
nyata. Karangan argumentasi gadhah ancas
kangge ngeyakinake ingkang maos, pramila wonten bukti-bukti supados nguataken
panemu ingkang diandharake. (sumber: klik)
Titikanipun seratan argumentatif inggih menika:
a) Ngandharaken kasunyatan lan dibuktikaken
kanthi fakta
b) Alesanipun menika kuat
c) Ancasipun supados ingkang maos purun nampi
panemune
d) Analisis kanthi rasional
Tuladha :
BASA JAWA LAN BUDI
PAKARTI
Basa Jawa menika gadhah relevansi
kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa
Jawi boten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling boten, lare menika
saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur
penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni
tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih
ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. wosipun lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. wosipun lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
1.
“gemi, nastiti, ngati-ati”
Gemi menika ateges boten boros, manungsa
menika boten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet
tumindak ingkang boten sae. Nastiti menika ateges boten nyedhak kaliyan
babagan ingkang angel, dados manungsa menika boten usah kangelan anggenipun
ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges
ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (boten sae/kelentu), manungsa
menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan
ingkang wonten ing masarakat.
2. “tegen, mugen, rigen”
Tegen menika ateges boten ndamel
tiyang sanes kuciwa,mliginipunipun ingkang dados semahipun, utawa dados tiyang
menika kedah kurmat kaliyan garwanipun. Mugen ateges menawi tiyanng menika
kedahipun saged dipercaya kaliyan tiyang sanes, utawi manungsa menika kedah
saged nDadosaken tiyang sanes percaya kaliyan piyambakipun. Rigen menika ateges
menapa ingkang dipuntindakaken menika saged nDadosaken manpangat kangge tiyang
sanes.
3. “titi, rukti, rumanti”
Titi menika ateges tiyang menika boten pareng sembrana anggenipun tumindak. Rukti ateges manungsa menika kedah
dadhah penampilan ingkang sae, pantes lan boten ngisin-isini. Dene rumanti
menika ateges saged nyekapi, utawi menawi dados garwa ingkang sae menika kedah
saged nyekapi kabetahanipun ngangge penghasilan ingkang punpikantuk.
(Sumber: klik)
Tuladha ing nginggil menika, panyerat
paring seratan argumetatif babagan Basa Jawa Lan Budi Pakarti, panyerat sampun
paring bebasan kangge bukti panemunipun panyerat supados ingkang maos menika
percaya lan wusana tumindak menika jumbuh kaliyan ingkang dikarepaken panyerat.
5.
Persuasif
Seratan persuasif menika sepisanan
ngandharaken gagasan ngangge alesan, bukti, utawa tuladha kangge ngeyakinake
pamaos. Lajeng dibarengi ngangge ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawi saran
marang pamaos. Bedane seratan argumentasi kaliyan seratan persuasi menika bilih
seratan argumentasi ingkang dados bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat,
menawi seratan persuasif ngarep - arep supados pamaos nindhaaken menapa ingkang
dipunkarepaken kaliyan panyerat. (Sumber: klik)
Tuladhanipun:
(Sumber: klik)
Wonten tuladha ing nginggil, wonten
seratan :saged nyegah kolestrol, nglancarake nguyuh lan awak wadi sehat”. Seratan
menika saged mempengaruhi ingkang
maos supados tumbas teh menika.






Author by
0 komentar:
Posting Komentar