“Dino
endi ya? Ana sing ngerti Dino ora cah?” Ana mbengok mbengok nggoleki Dino karo
ekspresi sing aneh, lambene ngowoh ananging karo mesem, irunge bolongane loro,
karo nari tor-tor, gawe rame suasan kelas kang lagi do spaneng mergo arep ana
kuis ing salah sawijining makul dina iki. “Aku Na, ngopo?” Dino nyemauri Na
karo suara khase, seko pojok kelas. “Eh Din, selamet yaa! Karya tulis ilmiahmu
dadi juara 1. Aku bangga banget dadi nduwe kanca kowe.” jare Ana karo mlayu
ning arahe Dino ngadek lan langsung ngrangkul Dino. “Iya iya matur nuwun dab, tapi
ya aja ngene, biasa wae” jawabe Dino karo wajah datare. Dino kui bocahe pancen
misterius, angel dibedek. Tapi yen masalah ilmu, aja tekon, Dino kuwi sugih
kawruh, apa wae mesti weruh. Kabeh sekelas dho bengok kang wis kondang seko
jaman baheula sampek Anang-Ashanty, cieeee, banjur kanca-kanca dho ngucapke
selamet ning Dino. Pak Rudi kang lgi wae rawuh melu nyelameti Dino kang juara,
nalika mlaku arep ning ruang kuliah mau Pak Rudi krungu suarane Ana sing
bengok-bengok kaya bledhek suarane. Kanca-kanca wis dho ngucapne slamet,
nanging mung aku thok sing durung ngucapne selamet. Aku seneng karo Dino. Lan
saiki aku didepke karo kahanan kang kudu salaman, ndelok mripate karo ngomong
“Selamet yo, endi traktirane?” aku grogi banget, grogi tingkat dewa.
Kanca-kanca wis padha lungguh ning kursine dewe-dewe. Aku? Aja takon, aku isih
bingung kudu kepiye, jantungku deg-degan kaya suara tabuhane gendang. Akhire
aku ngewanekne ngomong “Selamet yo! Kowe pancen hebat!” kui omongan sing metu
ning lambeku, bedo meneh karo ning atiku, “kowe pancen hebat banget isa dadi juara
1, karo isa menangne atiku.. #eeaa”, “iya, nuwun ya Tita” balese Dino karo
mesem kang gawe tentreming ati. Rasane aku meh leleh gara-gara esem manise. Aku
akhire salaman karo Dino. Aku deg degan banget. Luwih cepet.
Aku
pancen seneng Dino wiwit semester 3. Saiki aku wis semester 5. Ora krasa yen
saiki meh 3 tahun anggonku seneng karo Dino. Aku ora ngerti kenapa tresna
sepisanku iki karo Dino. Dino wis gawe sarang tresna ning atiku, ananging
sayange Jason gur mbangun sarange tanpa manggeni kui. Mak Jleb rasanya.
Sakdurunge aku kuliah iki, aku durung tau seneng karo uwong. Dadi pacaran wae
durung tau. Anehe aku seneng karo uwong
sing cuek masalah cinta-cintaan. Deweke fokus banget karo kuliahe. Aku ya ora
tau krungu Dino seneng karo bocah. Akeh sing seneng karo Dino amergo deweke
pancen tipe idaman (uluh-uluh). Tapi tetep wae deweke kekeuh karo prinsipe.
Sokor koe para fanse Dino, hahah *ketawa jahat, eh aku kan yo fanse e. Mendadak
amnesia.
Dino
ora tau ngerti yen aku kui seneng karo deweke. Saben dina aku ngirimke layang
tresnaku iki marang gusti kang maha kuaos. Yo ngono kae wis rasane mendhem
tresno. Dino oh Dino. “Semangat terus yo Din, mugo-mugo apa sing mbok karepke
kelakon. aammiinn” aku dungo karo nguasi Dino. Lho kok aku malah dungo? Iya,
soale yen Dino sampe ora peka karo perasaanku, mugo dungo iki isa. Ya kabeh
pancen wis ginaris dewe-dewe. Tanpa sengaja, aku lewat mading kang ana
pengumuman lomba cerkak. Aku dadi tertarik melu iki. Aku pancen durung tau
nulis-nulis kang migunani kanggo wong liya. Aku dadi kepikiran arep melu kui.
Hadiahe ya lumayan. Anak kos pancen tertarik karo sembarang sing bisa ngisi
dompet nalika tanggal tua ngene iki. Jenenge yo cah kos, cah kos juga manusia.
Aku
bergulir ning dunya panyeratan iki. Aku pengen dadi wong kang migunani marang
wong liyane. Senajan aku isih seneng Dino, tapi rasa senengku kui tak nggo ning
hal-hal positip senajan to Dino tetep wae ora weruh yen aku tresna. Aku pancen
ora tau nuduhke yen aku seneng Dino, Dino mesem nang aku wae aku wis seneng banget.
Aku udu bocah kang gampang ngomong yen aku tresno karo wong sing tak senengi,
senajan iki wis taun 2020, aku isih ngrasa yen ora patut bocah wadon ngomong
tresno sikek. Kanca-kancaku wis biasa ngunu kui, jamane pancen wis bedha.
Ternyata aku nemokke bakatku
Wis
akeh karya-karyaku diterbitke ning majalah, wis dadi 2 novel. Alhamdulillah,
aku wis berhasil. Selot suwe dina ina wis ceraki anggonku Wisuda. Fansku wis
padha ngucapke selamet nalika aku upload foto yudisiumku ning instagraam.
Kanca-kancakku akeh sing wis maca lan nduweni tulisan-tulisanku. Jarene
tulisanku menginspirasi. Aku dadi semangat nulis-nulis maneh. Wisudaku
bareng-bareng karo kanca sekelas. Peristiwa iki dadi rekor ning jurusanku,
soale seangkatan wisuda bareng. Aku krungu-krungu Dino diundang neruske S2 ning
kampus kulon kali. Wah tambah sukses ya Din. Semangat terus pokoke. Aku yawis
ana pandangan arep neruske S2 jupuk sastra ning walanda. Aku meh mantepke
nulis-nulis. Ben dadi wong kang migunani marang wong liya.
Percayaa,
yen hasil kui orang ngianati usahamu. Aku ora kebayang mbiyen nalika kuliah
arep dadi apa, aku nulis cerpen kae ya ora tenanan. Awale yo gur coba-coba.
Jebul aku tertarik banget karo dunya pena iki. Wis ora krasa gelar master wis
tak tampa, ananging aku lagi bingung meh neruske nang negarane wong apa mulih
ning negaraku. Isuk iki aku nampa video
call seko ibuk, ibu nguwei kabar yen ana kancaku sing mara nang omah.
Jarene ibuk kancaku lanang. Aku bedek-bedek dewe kira-kira sapa sing wis sowan
ning omahku. Bukane kabeh wis padha ngerti yen aku ora lagi ning omah? Kok ora
nge-Line aku wae. Kan wis ana idku ning profil instagram. Kira-kira
ana perlu apa ya? Aku dadi bedhek-bedhek dewe. Ibuk ngendika yen pengen ngerti
perlune aku dikon bali, lha aku bingung ngopo kok kudu bali. Aku tekon ngeterke
undangan, Ibu njawab ora. Kabar bahagia banget. Terus ibuk ngabari yen sedulrku,
mamasku arep nikah wulan ngarep. Bisa ora bisa aku kudu bali omah.
“Assalamu’alaikum..”
ana suara saka pintu omah ngarep. Aku langsung paham suarane sapa kui mau, kui
suarane Dino. “Tapi masak iya Dino? Lha ana perlu apa Dino sowan nang omahku?
Aku krungu-krungu yen Dino dadi dosen ning kampusku.” aku mbatin karo nglangkah
ning pintu. “Wa’alaikum...” durung rampe yenku jawab saka suara ning walik
pintu mau, aku kaget. Ternyata bener, Dino karo bocah wadon sing ayu tenan. Ah
paling garwane Dino. Aku sedih. Sek tas 3 dina aku balik saka walandi. Dino lan
sing tak kiro garwane mau tak kon melbu lungguh, aku nimbali ibuk ning mburi
matur yen ana Dino kancaku sowan. Nalika ibu wis ning ngarep, Dino ngomong yen
arep nembung aku minggu ngarep. Aku kaget sak kaget-kagete. Dino crita yen
deweke wis maca cerpenku sing ceritane tentang curhatan perasaanku, cerpen sing
aku melu lomba nalika aku semester 3 mbiyen. Ternyata Dino ya seneng aku
sakdurunge aku nulis cerpen mau. Ah pancen sapa sing ngerti karo perasaane
wong. Dino ora duwe instagraam tibake, makane ora ngerti yen aku ora ning omah.
Sakwise kuliah kae Dino goleki aku, deweke arep ngomong. Gusti njawab
dunga-dungaku selama iki. Kabeh mau pancen wis ginaris. Jodoh ora bakal
kijolan. Kabeh wis ana wektune dewe-dewe.
“Ibu
Tita!” suarane suster ning dokter kandungan buyarke lamunanku sing kelingan
biyen nalika jaman kuliah. Aku dikancani Dino melbu ning ruang periksa.






Author by