Dikisahaken,
wonten raja asmanipun Prabu Brawijaya wonten ing kerajaan Majapahit. Prabu
Brawijaya menika gadhah putra ingkang ayu pasuryanipun, namanipun Diah Ayu
Pusparani. Kathah sanget pemuda lan raja saking kerajaan sanes kepingin nglamar
putrinipun Prabu Brawijaya menika. Ananging Prabu Brawijaya menika dereng saged
nampi setunggal kemawon lamaran menika. Supados mboten ndadeaken cembur kaliyan
pelamar sanes, bilih prabu ugi mboten purun nolak langsung amargi ajrih menawi
nyerang kerajaan Majapahit.
Mboten
purun nguciwaaken pangeran lan kerajaan sanes, prabu khawatir diserang kaliyan
kerajaan sanes, Prabu Brawijaya ngawontenaken sayembara. Sayembaranipun inggih
menika sinten kemawon ingkang saguh ngangkat Gong Kiai Sekar Delima lan
ngerentangaken busur sektinipun Kyai Garudayeksa, saged ndadosaken Puteri Diah
Ayu Pusparani garwanipun. Lajeng Prabu Brawijaya merintah pengawalipun supados
nyampeaken woro-woro menika damel sedaya masyarakat kaliyan para raja ten
sedaya wilayah.
Ing
dinten sayembara, para peserta sayembara saking sedaya negari sampun kempal
wonten papan alun-alun (pelataran istana kerajaan). Prabu Brawijaya lenggah
wonten singgasananipun lan didampingi kaliyan permaisuri lan putrinipun. Bibar
busur panah Kyai Garudayeksa lan Gong Kyai Sakar Delima disamektaaken, Prabu
Brawijaya wiwiti nabuh gong pratanda adicara menika siap diwiwiti.
Busur
lan Gong sampun disamektaaken, pemuda lan raja ingkang tumut sampun medalaken
sedaya kekuatanipun. Sayembara ngrentangaken busur Kyai Garudayeksa lan
ngangkat Gong Kiai Sekar Delima, ananging mboten wonten setunggal kemawon
ingkang saged. Kathah ugi ingkang angsal musibah. Malah wonten ingkang encok,
patah tulang amargi meksa ngerentangaken busur panah, wonten ugi ingkang patah
bangkeane, lsp.
Prabu
Brawijaya badhe nabug gong pratanda sayembara badhe tutup, wonten pemuda ingkang mustakanipun lembu rawuh
badhe tumut sayembara ugi.
“Sendhiko
dhawuh gusti, menapa abdi pareng ndherek sayembara menika?” panyuwunipun
pemuda.
“He
pemuda aneh, sapa jenengmu?” pandhangonipun Prabu Brawijaya.
“Nama
abdi Lembu Suro gusti” jawab pemuda.
Prabu
Brawijaya yakin pemuda menika mboten saguh ngrentangaken busur sekti lan
ngangkat gong ageng menuka.
Lajeng
Prabu Brawijaya ngijinaken pemuda menika tumut sayembara dados peserta
pungkasan.
“He
pemuda, meluo sayembara iki!” jawab Prabu Brawijaya.
Lembu
Sura nyaguhi sayaratipun. Kaliyan kasektenipun, Lembu Suro wiwit ngrentangaken
busur panah Kyai Garudayaksa gampil. Tepuk tangan penonton sorak sorai.
Ananging Putri Dyah Pusparani wedi, amargi mboten purun gadhah garwa mustakanipun
lembu.
Lembu
Sura nyeraki Gong Sekardelima, sedaya ingkang nyeksikaken spaneng, utamanipun
sang putri, putri ndunga supados pemuda ingkang mustakaniipun lembu menika
mboten saged nglewati syarat kaping kalih menika. Tanpa diduga, pemuda ingkang mustakanipun
lembu menika gampil sanget ngangkat gong Kyai Sekardelima. Sorak sorai tepuk
tangan penonton tambah rame. Putri Dyah Ayu Pusparani namung mendel, sedih lan
kuciwa.
Mboten purun ngingkari janjinipun, Prabu
Brawijaya woro-woro bilih pemuda menika berhak dados garwanipun Putri Dyah Ayu
Pusparani. Putri Pusparani langsung ninggalaken Sithinggil. Putri sedih sanget
lan kuciwa amargi kedah gadhah garwa pemuda mustakanipun lembu.
Putri
menika manggihi embanipun. Putri mboten purun garwanipun gadhah mustaka lembu,
masio sekti mandraguna. Emban ingkang setia menika pados cara supados putri
mboten sios dados garwanipun Lembu Suro. Emban menika akhire gadhah cara.
Putri
Pusparani disaranaken ngajuaken syarat dhateng Lembu Suro. Syaratipun inggih
menika, Raden Lembu Suro kedah ndhamel sumur ing puncakipun Gunung Kelud.
Mireng saran saking embanipun, Dyah Pusparani bungah manahipun. Putri langsung
mbalik malih ten Sitinggil.
“Selamat
Raden Wimba. Raden sampun menangaken sayembara menika!”
“Matur
nuon putri, Putri Dyah bakal dados garwa abdi!”
“Abdi
mangertos, ananging abdi gadhah syarat setunggal malih!”
“Menapa
syaratipun putri?”
“Ndamelaken
kulo sumur ing puncakipun Gunung Kelud. Toyonipun bakal kita ginaaken siram
sesampuning adicara pernikahan.
“Inggih
putri, tresnaku marang sliramu bakal abdi buktiaken!”
Raden
Wimba putranipun adhipati Blambangan menika langsung ninggalaken kerajaan
Majapahit. Kaliyan kasektianipun, konon Raden Wimba utawi Lembu Suro saged
ngerahaken lelembut ndhamel mbiyantu nggali sumur ing puncakipun Gunung Kelud.
Lembu
Suro, para pejabat kerajaan, Prabu Brawijaya lan Putri Dyah Ayu Pusparani
inngih rawuh wonten puncaking Gunung Kelud badhe nyaksekaken Lembu Suro
ngerampungaken syarat terakhir. Wiwit sore, Lembu Suro nggali puncak Gunung
Kelud ngagem tanduk ing mustakanipun, lan soyo ndhalu Lembu Suro bakal
berhasil.
Ternyata
leres, mboten ndhangu banjur menika Lembu Suro sampun nggali jeru sanget.
Ningali menika, Pusparani keweden, menawi Lembu Suro nemuaken banyu ing sumur
menika, putri kedah dados garwanipun Lembu Suro.
Prabu Brawijaya nggih bingung, prabu
paham perasaan putrinipun. Dewi Pusparani netesaken luhipin wonten ngajengipun Prab Brawijaya. Putri nyuwun
tulung dhateng Prabu Brawijaya.
Akhiripun, Prabu Brawijaya nemuaken
cara. Lembu Suro kedah ditimbun urip-urip ing njero sumur. Lajeng, Prabu
Brawijaya nitahaken sedaya prajurit ingkang tumut ing puncaking Gunung Kelud
nguruk sumur menika kaliyan watu-watu ageng. Ugi gundukan lemah ing sekitar
sumur menika. Lembu Sura tertimbun ing dasaripun sumur.
Amargi Lembu
Suro sekti, lembu suro taksih sempat ngancem Prabu Brawijaya.
“Prabu Brawijaya
raja ingkang picik, culas. Masio aku kependhem ing sumur iki, aku bakal wales
prabu. Saben rong windu sepisan, aku bakal ngusak lemahmu lan kabeh sing urip
ing erajaanku. Rungokno sumpahku, Kediri mbesok bakal pethuk piwalesku, yaitu Kediri
bakal dadi kali, Blitar bakal dadi latar, Tulung agung bakal dadi Kendung!"
Banjur suara menika ilang,sedaya
prajurit ingkang ningali kedadean menika ajrih. Ugi Prabu Brawijaya lan Putri
Dyah Ayu Pusparani. Lajeng Prabu Brawijaya nitahaken ndhamel tanggul pengaman.
Tanggul menika disebat Gunung Pegat ing Kediri. Lan ngadaaken Larung Saji ing
Puncaking Gunung Kelud saben wulan Suro.
Lajeng, saben Gunung Kelud jeblug, para warga ngganggep
bilih arwah Lembu Sura ngamuk amargi kekejianipun Prabu Brawijaya lan Putri
Duah Ayu Pusparani.
Matur Nuwun




Author by